Pages

Senin, 07 Maret 2011

Ngomong-ngomong aku punya pidato bahasa jawa lho…
Buatanku sendiri, eeee tapi nggak deng dibantu juga sih…
Mau tau??? Kamu baca aja teks di bawah

ATUR PAMBAGYA TASYAKURAN LAN AQIQAH

Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh
Para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten, para tamu ingkang kinurmatan. Saderengipun matur, kula nyuwun pangapunten wonten ngarsa panjenengan dene sampun kumawantun nyela pangandikan panjenengan ingkang nembe sekeca wawan pangandikan.
Para rawuh ingkang minulya, ingkang sepindhah mangga kita tansah ngaturaken raos puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, awit sampun kepareng paring ganjaran wilujeng, satemah kula miwah panjenengan saged makempal wonten ing adicara tasyakuran kaliyan aqiqah menika tanpa manggih alangan satunggal menapa, ugi kanthi pangajab mugi-mugi adicara menika saged lumampah kanthi rancag kalis ing sambikala.
Para lenggah sedaya, kula minangka bedal wakilipun Bapak Sulaiman sakulawarga ingkang hamengku gati, ngaturaken pambagya sugeng rawuh, sarta ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan dene panjenengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal rawuh wonten adicara menika.
Kados sampun kapacak wonten serat ulem, dinten menika panggalihipun Bapak saha Ibu Sulaiman sanget suka bagya amargi putra ingkang katengga-tengga sampun mangertos padhang hawa kanthi mijil kakung. Putra Bapak saha Ibu Sulaiman dipunparingi pusaka asma “Muhammad Ali”. Anakmas Muhammad Ali lair wonten ing dinten Setu Pahing, 12 Juli 2010 kanthi wilujeng. Bapak saha Ibu Sulaiman tansah ndedonga sarta nyenyuwun pangestu panjenengan sedaya amrih anakmas Muhammad Ali saged dados putra ingkang soleh lan nutuki kekudangan tiyang asepuhipun, taat wonten ing agami sarta migunani tumrap nusa bangsa lan nagari. Mugi-mugi Gusti Allah kersa ngabulaken panyuwunanipun Bapak saha Ibu Sulaiman.
Para rawuh ingkang minulya, Bapak saha Ibu Sulaiman nyuwun pangapunten mbokmenawi anggenipun ngacarani rawuh panjenengan, caos papan palenggahan utawi pasugatan kirang mranani ing penggalih salajengipun para rawuh kasumanggakaken dhahar kembul sesarengan kanthi ladi pribadi utawi prasmanan minangka tasakuran anakmas Muhammmad Ali sinambi mirengaken saha nglaras Campursari Laras Irama.
Menawi kawawas sampun cekap anggenipun rawuh ing pahargyan menika lan panjenengan badhe ngersakaken kundur kula namung ngaturaken matur nuwun lan sugeng kundur tansaha manggih wilujeng. Wasana kula pribadi, mbokmenawi anggen kula matur kirang tata krama, solah bawa utawi wonten tetembungan ingkang mranani, kupat bumbune santen sedaya lepat nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar